Purwaka

Minggu, 02 September 2012

CRITA PEWAYANGAN

kumbakarna
Kumbakarna
Kumbakarna Gugur
Gunawan Wibisana adhine Dasamuka kang wuragil atur pamrayoga marang Dasamuka supaya Dewi Shinta iku dibalekake marang Rama. Amarga yen ora dibalekake mesthi bakal dadi perang gedhe. Dasamuka mesthi kalahe, ngelingi Rama iku titisane Wisnu. Pamrayoga iku ditampa kleru, Wibisana diunek-unekake entek amek kurang golek.
“Wibisana Rembugmu nyreweteh kaya bethet sewu, bayi wingi sore ngandhani wong tuwa! Ten kowe wedi karo Rama minggata dadi kesete Rama” kandhane Dasamuka mangkono karo tangane kumlawe ngepruk sirahe Wibisana karo kecohan. Wibisana semaput, sirahe akutah getih. Rahwana dhawuh marang prajurite supaya ngguwang Wibisana menyang alas. Mula barang eling Wibisana suwita marang Rama.
Ing pasewakan candhake kang sowan Kumbakarna. Buta gedhe adhine Dasamuka. Buta gedhe adhine Dasamuka sing nomer loro. Ature Kumbakarna, “Kakang Prabu elinga ya kakang, sinuwun Bathara Rama iku titisane bathara Wisnu, dewa kang kagungan panguwasa jagad, mbrastha angkara murka. Ora-orane yen kakang menang mungsuh sinuwun Ramawijaya.
Krungu ature Kumbakarna mau Dasamuka muntab, tembunge “Kumbakarna kowe buta elek, rupamu kaya barongan, tadhahmu kintalan, yen kowe ora gelem nuduhake darmabektimu marang aku, luwih becik minggata aja nyepet-nyepeti mataku”.
“Kakang Dasamuka yen kakang ora kersa dhahar aturku, ora dadi apa. Kakang aku emoh campur perkara iki, abot entheng sangganen dhewe. Aku arep bali menyang kasatriyan Pangleburgangsa, arep madhang lan tapa turu, aja ana sing ngganggu gawe!. Mangkono tembunge kumbakarna.
Sapungkure Kumbakarna kadadeyan perang gedhe. Rama sabalane kang wujud kethek, mungsuh Dasamuka sabalane kang awujud raseksa. Senapati Ngalengka Bukbis, Trisirah, Sarpakenaka lan Kumba Suwani. Senapati iku mbaka siji mati, awit pangapesane dkandhakake Wibisana marang senapati Swelagiri.
Kanthi rasa isin lan wedi, Dasamuka kapeksa utusan indrajit putrane supaya nggugah pamane. Barang wis tangi saka anggone turu, Kumbakarna dituduhi Indrajit rusaking kasatriyan Pangleburgangsa, saka pakartine balane prabu Rama. Ing kene Kumbakarna kapeksa dadi senapati maju perang ora mbelani dasamuka, nanging mbelani bumi kelahirane kang dirusak bala wanara.
Sadurunge maju perang, Kumbakarna adus karmas lan nganggo sandhangan sarwa putih. Dheweke ngerti yen bakal mati mungsuhRamawijaya. Kumbakarna ngamuk mateni kethek pirang-pirang ewu. Nanging sabanjure Kumbakarna gugur kena panahe Lesmana. Kumbakarna iku pangapesane ana ing lengen kiwa, mula bareng kena panahkasektene musna. Saka lelabuhane kumbakarna ing perang Ngalengka kena kanggo patuladhan, “embuh elek embuh ala tanah wutah getihku kudu tak belani nganti tetesing getih kang pungkasan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar