Purwaka

Selasa, 28 Agustus 2012

MULA BUKANE JENENG BATURRADEN


BATURRADEN
Ing wewengkon arah ngulon saka Baturraden, atusan ewu kepungkur ana kadipaten jenenge Kutaliman, saiki jenenge desa ing wilayah kecamatan Kedungbanteng, adohe udakara 10 kilometer mangulon saka Baturaden.
Kadipaten Kutaliman diprentah dening sang Adipati kang nduweni kasenengan ngingu gajah lan jaran. Mulane kadipaten dijenengi Kutaliman, asale saka tembung kutha tegese kota, liman tegese gajah. Sang adipati migunakakekewan gajah lan kewan jaran minangka titihan kanggo tindak ing wewengkon kadipaten Kutaliman rikala semana.
Sang Adipati kagungan abdi kinasih kang pakaryane ngopeni jaran titihane sang Adipati jenenge Jaka Gamel, dijenengi Jaka Gamel iku sebab saben dinane ngopeni jaran. Jaka Gamel iku nom-noman kang bagus rupane dedeg piadege pideksa, lan sregep nindakake pakaryan mulane tansah dieman dening sang Adipati.
Adipati Kutaliman uga kagungan putra-putri kang sulistya ing rupa arane Dewi Nawangsih. Dewi Nawangsih suwening suwe duwe sesambungan tresna karo Jaka Gamel wusanane sang putrid nganti anggarbeni utawa mbobot. Sang Adipati priksa sesambungan katresnane Dewi Nawangsih karo Jaka Gamel kang nganti ngandhut mau dadi lingsem. Sang Adipati banjur duka lan nundhung lunga saka Kadipaten Kutaliman.
Dewi Nawangsih lan Jaka Gamel sawise katundhung sakloron mlaku tumuju arah mangetan yaiku ing sisih kidul ereng-ereng gunung Slamet, saparan-paran tindake sakloron nandhang sedhih, nlangsa lan nganti kesel salirane, mula Dewi Nawangsih nganti ora kuwat maneh rikala nyebrang kali, mulane kanggo pepenget kali iku diarani kali kasur.
Maju dina kandhutane Dewi Nawangsih tambah gedhe mula banjur manggon utawa mapan ana ing sawijining desa. Ing desa iku Dewi Nawangsih nglairake jabang bayi mijil kakung, mula papan panggonan mau dijenengi kaliputra. Sawise nglairake Dewi Nawangsih saya tresna marang putra lan bojone nanging amarga Dewi Nawangsih minangka putra adipati sing kulina urip kepenak lan sarwa ana bareng urip saiki kalunta-lunta nandhang sangsara saanak bojone, banjur nduweni panggalih kang sanesthine ora ditindakake.
Ing sawijining wengi nalika anak bojone turu kepati, Dewi Nawangsih pamitan karo ngekep putrane kanthi kebak rasa tresna sarta ngaras astane Jaka Gamel kanthi irih ngendika “Apuranen ya kakang aku ora sanggup urip sengsara kaya saiki, aku titip anakku marang panjenengan ya kang”. SAwise pamitan Dewi Nawangsih ninggalake garwa lan putrane.
Papan panggonan kanggo uripe Jaka Gamel karo Dewi Nawangsih mau dijenengi Baturraden. Tembung Baturraden saka tembung Batur lan Raden, Batur tegese abdi, Raden tegse keturunan ningrat. Panulise kang bener Baturraden manut ing crita legenda.



1 komentar:

  1. Miturut panemumu jlentrehna kan aran legenda jumbuh wacan ing nduwur

    BalasHapus