Purwaka

Kamis, 20 September 2012

AJIBARANG

MULA BUKANE AJIBARANG

Pakis haji
Pakis Haji
Kacarita ing nagara Galuh Pakuan pinuju nampa pacoban abot. Mangsa ketiga suwe,kawulane rekasa,akeh lelara lan akeh brandal. Durung ana punggawa kang bisa ngentasi prakara iku, Arya Mundhing wilis kang dadi Adipati Galuh Pakuan kudu ngleksanani panyuwune garwane kang lagi mbobot kepengin ndahar daging kidang kang sikile putih. Kanthi nitih kuda Dawuk Ruyung Sang Adipati mbeburu kidang minangka rasa tresnane marang ingkang garwa.
Anggone beburu tekan ing grumbul Gunung Mruyung kang sejatine iku grumbule para brandhal kang biasa gawe rerusuh ing kadipaten. Adipati Mundhing Wilis kinepung para brandhal kang dipandhegani dening Abulawang. Kapeksa Sang Adipati masrahake barang-barang kang digawa kalebu kuda titihane. Mula Sang Adipati kondur menyang Kadipeten Galuh Pakuan tanpa kasil.
Tekan Kadipaten Sang Adipati gumbira ing manah awit putra kang diunggu-tunggu wis lair kakung. Saya gembirane  nalika priksa menawa jabang bayi ana tanda ireng ing lengen kiwane kang minangka “ Toh Wisnu” tegese bayi iku tembe bakal dadi priyagung kang berbudi bawa leksana.
Durung suwe anggone gumbira, malem kepapat saka laire bayi, dumadakan Kadipaten dijarah-rayah dening brandhal saka Gunung Mruyung. Kabeh barang kang ana Kadipaten digawa kabeh kalebu putrane Adipati Mundhing Wilis kang isih bayi. Sawise njarah para brandhal banjur ngobong Kadipaten. Tujune Sang Adipati lan Gusti Putri bisa dislametake dening Ki Juru Taman. Sabanjure Sang Adipati lan Gusti Putri nedya nggoleki putrane kanthi nyamur laku dadi wong tani aran Ki Sandi
Brandhal Abulawang rumangsa bungah entuk bayi awit pancen dheweke durung duwe anak.Mula bayi iku dirumat kanthi becik kaya dene anake dhewek lan diwenehi jeneng Jaka Mruyung. Suwening-suwe Jaka Mruyung wis diwasa, rupane bagus,luhur bebudene ora kaya bapa angkate.
Jaka Mruyung ora sarujuk karo tindak-tanduke wong tua angkate,mula banjur ninggalake omahe kanthi numpak kuda Dhawuh Ruyung. Tindake Jaka Mruyung tekan ing wewengkon Dayeuluhur. Ing kono ketemu Ki Mranggi,awit tilas prajurit Majapahit kang pakaryane dadi mranggi utawa tukang gawe wadah keris. Jaka Mruyung akeh nampa wulangan saka Ki Mranggi kayata maca,nulis,carane gawe keris lan olah kaprajuritan. Sawise nem taun melu Ki Mranggi, Jaka Mruyung kaya nampa wangsit supaya nerusake laku mangetan menyang wana Pakis Aji. Jkak Mruyung pamit marang Ki Mranggi lan pesen supaya papan panggonane diparingo jeneng Dhukuh Panulisan.
Tindake Jaka Mruyung wis tekan tapel wates Kadipaten Kutanegara, ana kana Jka Mruyung ngaso, lan papan iku diarani Gumelar amarga panggonane katon iji royo-royo kaya babud permadani kang gumelar. Dheweke ketemu pemuda kanga ran Tlangkas saka dhukuh Cilangkap, lan entuk pituduh dununge alas Pakis Aji.
Sawetara iku Ki Sandi kang lagi nggoleki putrane wis tekan Dhukuh Panulisan daleme Ki Mranggi. Ki Mranggi nyritakake Jaka Mruyung kang nembe sinau ing omahe lan cirri-cirine padha kaya putrane Ki Sandi. Ki Sandi rda lega awit wis ana pangarep-arep yen putrane bakal ketemu. Nanging Jka Mruyung saiki lagi njujug ana ing Gunung Pakis Aji. Ki Sandi lan garwane age-age pamit ninggalake dhukuh Panulisan. Tekan Dhukuh Cilangkap ketemu karo wong tuane Tlangkas kang menehi katerangan menawa Jaka Mruyung wis tekan alas Pakis Aji. Ki Sandi nerusake laku nyabrang kali kang banjur diarani Kali Racak. Ing pinggiring gunung priksa ana wit kang wohe akeh, sawise nyuwun priksa marang wong kang lagi liwat pranyata jenenge papan kono Gondhangamis.
Kacarita tindake Jaka Mruyung nasak pinggiring wana terus mangetan, ngliwati papan kang akeh manuk Jalake. Mula papan kuwe dijenengi Pejalakan. Jaka Mruyung terus lakune tekan Kali Datar. Ing penggokan kali sisih kulon weruh kedhung kang ing sandhuwure akeh manuk serwiti.Mula papan iku dijenengi Kedhung Serwiti.Sawise ngubengi alas Pkais Aji, Jaka Mruyung mikirake kepriye carane mbabad alas. Priksa ana wong-wong kang lagi gawe tambak mula banjur nyuwun tulung bareng-bareng mbabad alas. Ing tembe papan kono banjur diarani Tambakan.
Ing tengahing alas an aula gedhe kang banjur dipateni lan diobong, nanging urube geni saya gedhe satemah alas Pakis Aji kabesmen. Sarehning Alas Pakis Ajiwewengkon Kadipaten Kutaranga mula Jaka Mruyung kadukan dening Adipati Nglangak lan nampa paukuman. Salawase nampa paukuman Jaka Mruyung  tindak-tanduke becik, mula ora suwe banjur diowali lan antuk kalodangan melu sayembara. Jaka Mruyung kasil ngalahake mungsuh-mungsuhe, mula banjur kawisuda dadi senapati utama kadipaten Kutanegara lan didhaupake karo putrine Sang Adipati kang angka loro yaiku Dewi Pandanayu.
Kabar dhaupe Jaka Mruyung karo Dewi Pandanayu sumebar nganti kapireng Tlangkas lan wong tuane. Ki Sandi uga mangerteni,banjur mbukak wadine yen sejatine dheweke iku Adipati Mundhing Wilis saka Galuh Pakuan.Tlangkas lan wong tuane age-age menyang Kadipatennemoni Jaka Mruyung lan nyritakake sapa sejatine wong tuane. Jaka Mruyung kaget lang nangis sawise krungu critane Tlangkas, satemah nggetuni lelakon uripe.
Sang Adipati Nglangak gumbira penggalihe barng midhanget ature Tlangkas yen mantune iku sawijining pangeran. Mula Adipati Mundhing Wilis lan garwane banjur dipethuk kinen mlebu Kadipaten Kutanegara.Ngepasi pahargyan temanten dumadakan ana kabar kang gawe gegering pahargyan yaiku ilange Dewi Pandansari putra pambayune Adipati Nglangak. Mbok menawa Dewi Pandansari lingsem penggalihe yen dilangkahi dening adhine. Sawise digoleki jebul lagi tapa kungkum ing kali, mula ora gumun yen akeh wong lanang kang padha ndeleng. Mula papan kuwi banjur diarani kali Luwih Laki utawa kali Wilaki. Wusana dikabarake Dewi Pandansari seda ing kali kuwi lan disareake ana ing sawah. Pasarean kondhang kanti aran Pasarean Pandansari.
Adipati Nglangak yuswane saya sepuh, mula banjur masrahake kalungguhane marang Jaka Mruyung kinen madeg Adipati ing Kutanegara. Nanging sawise dadi Adipati Jaka Mruyung ora krasan, dheweke pindhah menyang alas Pakis Aji kang wis dibabadi didadekake punjering pemerintahan. Kadipeten nuli dijenengi Ajibarang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar