Purwaka

Rabu, 09 Januari 2013

CANGKRIMAN



Cangkriman iku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang kekarepane. Cangkriman uga ana kang ngarani bedhekan. Cangkriman biasane digunakake kanggo gegojegan. Cangkriman cacahe ana 5 yaiku cangkriman wancahan, pepindhan (irib-iriban), wantah, blenderan, lan cangkriman kang sinawung ing tembang

1.      Cangkriman Wancahan
·         Wancah iku tegese cekak.
·         Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang kedadean saka tembung-tembung kang diwancah utawa dicekak.
·         Cangkriman wancahan bisa uga ditegesi cangkriman kang awujud cekakan saka tembung-tembung.
·         Tuladha:
Kabaketan      = nangka tiba nang suketan
pakboletus      = tapak kebo ana lelene satus
burnaskopen   = bubur panas kokopen
Burnas kopen = bubur panas kokopen
Yu mae ron    = yuyu omahe rong
2.      Cangkriman Irib-iriban (Pepindhan)
·         Cangkriman irib-iriban yaiku cangkriman kang kedadean saka pepindhan utawa irib-iriban barang.
·         Tuladha:
Sega sekepel dirubung semut                         = salak.
Pitik walik saba kebon                                   = nanas.
Bocah cilik tlusap-tlusup nang kebon            = dom (jarum).
3.      Cangkriman Wantah
·         Wantan yaiku apa anane manut tembunge.
·         Cangkriman wantah yaiku cangkriman kang ngemu surasa salugune utawa apa anane.
·         Tuladha:
Dicakot buntute sing kalong endhase                        =  rokok
Dikethok saya dhuwur, disambung saya endhep      =  kathok
Kewan apa sing endhase nang sikil, matane neng sikil, awake neng sikil = pitik kepidek
4.      Cangkriman Blenderan
·         Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang ngemu surasa blenderan (plesetan), anggone mbatang kudu luwih ngati-ati, jalaran yen kurang ngati-ati bakal keblender. Cangkriman blenderan iki cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah.
·         Tuladha:
Wong adol tempe ditaleni                               = sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing mati
Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa                = nangis
5.      Cangkriman kang sinawung ing tembung yaiku cangkriman kang mapan ana ing tembung.
·         Tuladha:
Bapak Pucung.
Amung sirah lawan gembung.
Padha dikunjara.
Mati sajroning ngaurip.
Mijil baka.
Si pucung dadi dahana. (penthol korek).

Bapak pucung.
Renteng-renteng koyo kalung.
Dowo koyo ulo.
Pencoanmu wesi miring.
Sing disobo.
Si pucung mung turut kutho. (sepur).

Bapak Pucung angger butuh ngambung-ambung,
Yen juragan mangan,
Ngglibet sinambi ngriwuki,
Yen wis oleh Pucung nggereng karo mangan. (kucing)

Bapak Pucung yen kesinggung adhuh biyung,
Bisa ngejur omah,
Nadyan mobil ra preduli,
Pucung mendha lamun ta siniram tirta. (geni)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar