Cangkriman iku unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang kekarepane. Cangkriman uga ana kang ngarani bedhekan. Cangkriman biasane digunakake kanggo gegojegan. Cangkriman cacahe ana 5 yaiku cangkriman wancahan, pepindhan (irib-iriban), wantah, blenderan, lan cangkriman kang sinawung ing tembang
1. Cangkriman Wancahan
·
Wancah iku tegese cekak.
·
Cangkriman wancahan yaiku cangkriman
kang kedadean saka tembung-tembung kang diwancah utawa dicekak.
·
Cangkriman wancahan bisa uga ditegesi cangkriman
kang awujud cekakan saka tembung-tembung.
·
Tuladha:
Kabaketan = nangka tiba nang suketan
pakboletus = tapak kebo ana lelene satus
burnaskopen = bubur
panas kokopen
Burnas kopen = bubur panas kokopen
Yu mae ron = yuyu omahe rong
2. Cangkriman Irib-iriban (Pepindhan)
·
Cangkriman irib-iriban yaiku cangkriman
kang kedadean saka pepindhan utawa irib-iriban barang.
·
Tuladha:
Sega sekepel dirubung semut = salak.
Pitik walik saba kebon = nanas.
Bocah cilik tlusap-tlusup nang
kebon = dom (jarum).
3. Cangkriman Wantah
·
Wantan yaiku apa anane manut tembunge.
·
Cangkriman wantah yaiku cangkriman kang
ngemu surasa salugune utawa apa anane.
·
Tuladha:
Dicakot buntute sing kalong endhase = rokok
Dikethok saya dhuwur, disambung
saya endhep = kathok
Kewan apa sing endhase nang sikil,
matane neng sikil, awake neng sikil = pitik kepidek
4. Cangkriman Blenderan
·
Cangkriman blenderan yaiku cangkriman
kang ngemu surasa blenderan (plesetan), anggone mbatang kudu luwih ngati-ati,
jalaran yen kurang ngati-ati bakal keblender. Cangkriman blenderan iki
cangkriman iki sejatine ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane
salah.
·
Tuladha:
Wong
adol tempe ditaleni =
sing ditaleni tempe, dudu wong sing dodol.
Wong
mati ditunggoni wong mesam-mesem = sing mesam-mesem wong sing nunggu, dudu sing
mati
Wong
wis gedhe kok ngguyu tuwa =
nangis
5. Cangkriman kang sinawung ing
tembung yaiku cangkriman kang mapan ana ing tembung.
·
Tuladha:
Bapak
Pucung.
Amung
sirah lawan gembung.
Padha
dikunjara.
Mati
sajroning ngaurip.
Mijil
baka.
Si
pucung dadi dahana. (penthol korek).
Bapak
pucung.
Renteng-renteng
koyo kalung.
Dowo
koyo ulo.
Pencoanmu
wesi miring.
Sing
disobo.
Si
pucung mung turut kutho. (sepur).
Bapak
Pucung angger butuh ngambung-ambung,
Yen
juragan mangan,
Ngglibet
sinambi ngriwuki,
Yen
wis oleh Pucung nggereng karo mangan. (kucing)
Bapak
Pucung yen kesinggung adhuh biyung,
Bisa
ngejur omah,
Nadyan
mobil ra preduli,
Pucung
mendha lamun ta siniram tirta. (geni)