Purwaka

Jumat, 08 Maret 2013

UNDHA-USUK BASA JAWA

Werkudara
Werkudara

Basa minangka sarana komunikasi kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wongsing diajak gunem. Basa uga sarana kanggo nglairake panguneg-uneg  kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunakake basa kudu trep ora kena tumpang suh. Kudu mangerteni marang sapa kang diajak gunem, mula basa ndueni unggah-ungguh. Adhedhasar tataran/ unggah-ungguh basa, jinising tembung kaperang dadi 3:
1.        Ngoko
2.        Krama Madya
3.        Krama Inggil
Tuladha jinising tembung manut tataran lan unggah-ungguh ing ndhuwur yaiku:
Ngoko
Krama Madya
Krama Inggil
Arep
Ajeng/ badhe
Kersa
Bali
Wangsul
Kondur
Gawa
Bekta
Asta
Gelem
Purun
Kersa
Isin
Isin
Lingsem
Jeneng/ aran
Nama
Asma
Lunga
Kesah
Tindak
Mangan
Nedha
Dhahar
Mata
Mripat
Paningal
Ndeleng
Ningali
Mriksani

Dene unggah-ungguh basa utawa ragam basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah dienggo iku ana 4:
1.        Basa Ngoko Lugu
a.       Wujude: Basane goko kabeh tanpa tetembungan krama inggil.
b.      Panganggone:
·         Guneme wong kang wis kulina.
·         Guneme wong tuwa marang wong enom.
·         Kanggo ngunandika.
·         Guneme bendara marang bature.
c.       Wuwuhan: di-, -e, -ake
d.      Tuladha:
Bukune wis digawa Ani
2.        Basa Ngoko Alus
a.       Wujude: Tembunge ngoko kacampur tetembungan krama inggil. Ater-ater lan panambang ora dikramakake (di-, -e, -ake).
b.         Panganggone:
·         Kanggo gunem wong kang sepantaran/ sepadha-padha nanging ngajeni.
·         Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate.
·         Dienggo dening wong kang wis kulina nanging ngajeni.
·         Guneme garwa marang sing kakung.
c.       Tuladha:
·         Ibu lagi dhahar
·         Bapak wis tindak kantor.
·         Bukune wis diasta mbak Susi
3.        Basa Krama Lugu
a.       Wujude: Tembunge krama tanpa tetembungan ngoko lan krama inggil. Ater-ater lan panambange krama (di- à dipun-), (-e à -ipun), (-ake à -aken).
b.      Panganggone:
·         Kanggo guneme wong kang nembe tepung.
·         Kanggo guneme wong kang durung rumaket.
·         Kanggo mbasakake awake dhewek.
·         Kanggo guneme wong kang wis rumaket saperlu ngajeni.
c.       Tuladha:
·         Kula sampun nedha sayur.
·         Bukunipun sampun dipunbekta Mbak Susi.
4.        Basa Krama Alus
a.       Wujude: Tetembungane krama kacampur tetembungan krama inggil tumrap wong kang diajak gunem. Ater-ater lan panambange krama (di- à dipun-), (-e à -ipun), (-ake à -aken).
b.      Panganggone:
·         Guneme batur marang bendarane.
·         Guneme wong enom marang wong tua.
·         Guneme andhapan marang pimpinane.
c.       Tuladha:
·         Bukunipun sampun dipunastaakaken Bapak.
·         Bapak saweg dhahar.
Waosan Salajengipun »»